Senin, 26 Mei 2025

Dinas pertama pake sepeda montor hehehe


Isuk iku rasane kok yo ndang ndang tok. Angin isih dingin nylekit, langit isih peteng, tapi aku wes semangat jek. Motor baruku tak parkir rapi nang ngarepe pos agen, isih mengkilap, plastik jok e ae durung tak copot. Teman-teman loper mulai teko siji-siji, seko ekspresi e ketok nek durung nyadar nek iki motorku. Tapi pas aku nyapa, “Woy rek, ngombe kopi yo?” langsung rame kabeh. “Lhaaa... iki motormu? Wani ngene ngene, cah!”
“Bayar cash, ta rek?!” Heru sampek melongo. Aku mesem ae, terus ngangguk pelan. “Yo rek, rong tahun nabung. Seko loper koran, teko nagih langganan. Ngalah gak jajan, gak dolan-dolan.” Suasana mendadak meriah, kabeh pada nyalamin, ngetuk pundakku, terus guyon sak pole. Nang antara guyonan kuwi, aku ndelok matane cah-cah iki. Nggak ono iri. Sing ono cuma bangga. Arek-arek ngerti perjuanganku, soale perjuangan awak dewe kabeh podo: ademme subuh, koran kebanjiran, pelanggan rewel.

Bagas nyedak terus ngomong, “Lo jancuk, mergo kowe aku percoyo nek kerja keras kui gak percuma.” Aku mesem, merem sek ben gak haru. Rasane bahagia bareng, rek. Ndelok arek-arek iki, senengku dobel. Sukses iku rasane tambah nikmat nek konco-koncomu iso turut seneng.

“Yo wes, iku artine rejeki kudu dibagi,” aku ngomong. “Ayo mampir nang warkop sek. Tak traktir roti goreng, iku loh sing biasane mung tak delok wae mergo ora nduwe duit nggo nambah.” Langsung podo cekikikan kabeh. “Iki baru jenenge tuku motor cash!” omongane andik karo ngelus weteng. Roti goreng anget, kopi item panas, guyonan ngawur... rasane urip kui ayem jek. Gak perlu mewah, sing penting bareng.

Wes wareg, arek-arek wis siap budhal rute masing-masing. Tapi aku mandekno sek, “Ayo foto rek. pisan ae. Seng penting ono kenangan nek loper-loper iki pernah bareng-bareng seneng bareng.” Kami kumpul, merapat, nyengir gak karuan, terus... klik! Jepretan HP bututku nyekel momen langka, momen sederhana tapi nglegani ati.

Saiki, nek aku numpak motor ngantar koran, ga perlu lagi nggenjot sepeda sampek encok. motor iki rasane koyok lagu kemenangan. Nang jerone mesin iki, ono mimpi, ono lelah, ono sabar. Saben subuh, pas sepedah lewat gang sempit, aku sempet ndongak pelan, “Matur nuwun Gusti. Seko kerja sing sering disepelekan, Kowe wenehono jalan rejeki.”

mben besok-besok, nek zaman wes ganti, koran wes digital, dan motor iki wes tuwo... aku bakal ndelok maneh foto bareng arek-arek loper kui. Lalu aku senyum dewe, ngelingi masa-masa paling jujur, paling sepi, tapi paling berarti nang uripku.

0 comments :

Posting Komentar